Pangandharing Toret 2:2-5 Kitab Sutji (JAV)

2. Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:

3. Wus cukup suwe anggonira padha lumaku ngubengi pagunungan iki, samengko sira menggoka mangalor;

4. sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;

5. aja nempuh bangsa iku, awitdene sira ora bakal Sunparingi tanahe sathithik-thithika; marga Esap iku wus Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke.

Pangandharing Toret 2