18. Ing dina iki lakunira bakal ngliwati tapel-watese tanah Moab, yaiku Ing Ar;
19. sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.
20. Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;
21. iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;
22. kaya kang wus ditindakake dening Sang Yehuwah tumrap bani Esap kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, nalika Panjenengane numpes bangsa Hori, temah padha ngendhih tanahe sarta tumuli nggenteni manggon ana ing kono nganti saprene.
23. Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.
24. Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.
25. Ing dina iki Ingsun miwiti ndadekake para bangsa ing sangisore langit padha kataman miris lan wedi marang sira, temah samangsa krungu wartanira bakal padha gumeter lan ngoplok marga saka sira.”
26. “Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:
27. Kawula mugi kalilana medal nglangkungi nagari dalem. Lampah kawula namung badhe nurut margi ageng kemawon, boten mawi nyimpang mangiwa utawi manengen;
28. prakawis tedha mugi panjenengan dalem karsaa sade dhateng kawula, badhe kawula bayar mawi arta supados kawula sageda nedha, saha menggah prakawis toya kawula mugi panjenengan dalem paringi, badhe kawula lintoni arta, supados kawula sageda ngombe; namung kemawon kawula kalilana langkung kaliyan lumampah dharat;
29. inggih kados anggen kawula dipun lilani dening bani Esap ingkang manggen wonten ing pareden Seir lan dening bangsa Moab ingkang manggen wonten ing Ar, ngantos kawula sami nyabrang ing lepen Yarden, lumebet dhateng ing nagari ingkang dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula dhateng kawula.
30. Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.
31. Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.