1. “Sawuse mangkono kita padha budhal bali menyang pasamunan, metu ing dalan kang anjog ing sagara Teberau, kaya kang wus kadhawuhake Pangeran Yehuwah marang aku; karodene nganti kapara lawas anggon kita ngubengi pagunungan Seir.
2. Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:
3. Wus cukup suwe anggonira padha lumaku ngubengi pagunungan iki, samengko sira menggoka mangalor;
4. sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;
5. aja nempuh bangsa iku, awitdene sira ora bakal Sunparingi tanahe sathithik-thithika; marga Esap iku wus Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke.