Pangandharing Toret 19:16-19 Kitab Sutji (JAV)

16. Saupama ana seksi cidra ndakwa marang wong bab salah sawijining panerak,

17. wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.

18. Para hakim mau banjur niti-priksaa kang tliti, dene saupama katitik paseksine iku palsu lan pandakwane goroh marang sadulure,

19. wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

Pangandharing Toret 19