1. “Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.
2. Ing kono kowe nyembeleha wedhus lan sapi kanggo kurban Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah kagem padalemaning asmane.
3. Aja padha mangan sadhengah apa kang mawa ragi; pitung dina anggonmu kudu mangan roti tanpa ragi, yaiku rotining kasangsaran, marga kalawan kesusu anggonmu budhal saka ing tanah Mesir. Iku supaya sajegmu urip kowe elinga ing dina budhalmu saka ing tanah Mesir.
4. Sajrone pitung dina lawase ing sawratane tlatahmu aja nganti ana ragi; karomaneh daging sembelehanmu ing dina kapisan wayah sore iku aja ana kang nginep tumeka esuke.