Pangandharing Toret 14:19-26 Kitab Sutji (JAV)

19. Sarupane kewan gumremet kang mawa elar iku iya padha karam tumrap ing kowe, aja dipangan.

20. Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.

21. Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”

22. “Sakehe pametune winih kang thukul ana ing pategalanmu saben taun ajeg pisungsungna saprasepuluh.

23. Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

24. Anadene saupama kadohen lakumu nggawa mrana, awit panggonan kang bakal dipilih dening Yehuwah Allahmu kagem padalemaning asmane iku adoh saka ing panggonanmu, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus mberkahi marang kowe,

25. iku nuli dadekna dhuwit, dhuwite banjur buntelen lan gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

26. dene dhuwit iku banjur tukokna apa sasenenging atimu, apa sapi, wedhus, anggur utawa minuman keras utawa apa bae kang dipengini atimu, tumuli mangana ana ing kono ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu sarta bungah-bungaha, iya kowe dalah brayatmu.

Pangandharing Toret 14