Pangandharing Toret 12:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Ewadene kowe kena bae nyembeleh lan mangan daging ing sasenengmu dhewe, mawa-mawa berkah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ana ing sakehe panggonanmu. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan iku, kaya yen mangan daging kidang utawa menjangan;

16. mung getihe aja nganti padha kokpangan, iku esokna ing bumi kayadene banyu.

17. Mungguh pisungsung prasepuluhane gandum, anggurmu sarta lengamu, apamaneh pembarepe sapimu lan wedhusmu, iku aja kokpangan ana ing panggonanmu, mangkono uga kurban kang bakal kokpunagekake, apadene pisungsungmu manasuka, utawa pisungsung sesaosanmu kang mligi.

18. Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.

19. Dingati-ati, kowe aja nganti nglirwakake marang wong Lewi, salawase kowe manggon ana ing tanahmu.

20. Samangsa Pangeran Yehuah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar tlatahing tanahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe, mangka kowe nuli duwe osik: Aku arep mangan daging, marga kowe kepengin mangan daging, iya mangana dading ing sasenenging, atimu.

21. Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.

22. Nanging pamanganmu iku dikaya yen mangan daginge kidang utawa menjangan. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan.

23. Mung poma aja nganti mangan getihe, marga getih iku nyawane; mulane aja mangan nyawa bebarengan karo daging.

24. Poma iki aja kokpangan, nanging esokna ing bumi kayadene banyu.

Pangandharing Toret 12