1. “Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.
2. Sadhengah panggonan, kang bakal kokejegi, kang dienggoni dening bangsa kang ngabekti marang allahe, iku padha gempuren kabeh, iya kang ana ing gunung-gunung kang dhuwur lan ing tengger-tengger apadene ing sangisore saben wit kang nggrembel.
3. Misbyah-misbyahe padha rubuhna, tugu-tugune brahala padha remuken lan saka-sakane brahala padha obongen, reca-recane allahe, padha leburen, sarta jenenge padha sirnakna saka ing kono.
4. Aja kaya mangkono tandukmu marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
5. Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.
6. Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.
7. Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.