1. “Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.
2. Sadhengah panggonan, kang bakal kokejegi, kang dienggoni dening bangsa kang ngabekti marang allahe, iku padha gempuren kabeh, iya kang ana ing gunung-gunung kang dhuwur lan ing tengger-tengger apadene ing sangisore saben wit kang nggrembel.
3. Misbyah-misbyahe padha rubuhna, tugu-tugune brahala padha remuken lan saka-sakane brahala padha obongen, reca-recane allahe, padha leburen, sarta jenenge padha sirnakna saka ing kono.
4. Aja kaya mangkono tandukmu marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
5. Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.
6. Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.
7. Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
8. Aja padha duwe pratingkah kaya kang padha kita lakoni ana ing kene ing dina iki, yaiku saben wong padha nindakake kang diwawas bener.
9. Marga tekan saiki kowe durung padha lumebu ing palereman lan tanah pusaka bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang kowe.
10. Nanging samangsa kowe wus nyabrang bengawan Yarden lan manggon ing tanah kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi duwekmu, lan samangsa Panjenengane wus maringi tentrem uwal saka sakehe mungsuh kang ana ing saubengmu, lan kowe wus padha bisa manggon kalawan ayem,
11. kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.