11. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wis sira tata-tataa, budhala ngirida bangsa iku, lumebu lan ngejegi nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure yen bakal Sunparingake.”
12. “Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;
13. nindakna pepaken lan katetepane Sang Yehuwah kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya ndadekna kabegjanmu.
14. Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;