Pangandharing Toret 1:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.

5. Ana ing sabrange bengawan Yarden ing tanah Moab, Nabi Musa wiwit nggelarake angger-anggering Toret iki, pangandikane:

6. “Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;

7. padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.

8. Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan turun-turune.”

9. “Nalika samana aku pitutur marang kowe mangkene: Manawa ijen aku ora kuwat nyangga tanggung-jawab marang kowe.

10. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.

11. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu muga-muga ngundhakana cacahmu nganti tikel sewu, lan kowe muga padha diberkahana, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

12. Nanging manawa ijen aku mangsa kelara mikul tanggung-jawab bab kasusahanmu, bab karepotanmu lan prakaramu.

13. Kowe padha miliha wong kang wicaksana lan limpad ing budi apadene kang akeh pangalamane saka siji-sijine talermu, bakal daktetepake dadi pemimpinmu.

14. Ing kono atur wangsulanmu: Prakawis ingkang panjenengan karsakaken punika pancen prayogi dipun lampahi.

15. Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.

Pangandharing Toret 1