Pangandharing Toret 1:26-41 Kitab Sutji (JAV)

26. Ewadene kowe padha ora wani nglurug mrana, sarta padha mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.

27. Kowe padha pating kedumel ana ing tarubmu, pangucapmu; Pangeran Yehuwah anggone ngirid metu saka ing tanah Mesir iku marga aku padha disengiti, arep diulungake marang tangane bangsa Amori, supaya padha ditumpes.

28. Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.

29. Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.

30. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,

31. apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.

32. Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

33. kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”

34. “Bareng Sang Yehuwah midhanget kang dadi panggrundelmu, banget dukane sarta supaos, dhawuhe:

35. Bangsa kang ala iki, mesthi ora ana wonge siji-sijia kang bakal ndeleng nagara kang becik kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal Sunparingake marang para leluhurira,

36. kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.

37. Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.

38. Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.

39. Anadene anak-anakira kang isih cilik kang padha sira arani yen bakal dadi bandhangan lan anak-anakira kang saiki iki,kang durung bisa mbedakake ala lan becik, iya iku kang bakal padha lumebu mrono, lan kang bakal Sunparingi lan ndarbeni nagara iku.

40. Nanging sira iku padha balia, budhala menyang pasamunan, metua dalan kang anjog ing sagara Teberau.”

41. “Ing kono kowe banjur padha mangsuli lan kandha marang aku mangkene: Kula sampun sami damel dosa dhateng Pangeran Yehuwah. Sumangga, kula sami sagah mangsah perang miturut sadaya dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita dhateng kula sadaya. Sawuse mangkono, saben wong banjur padha manganggo praboting perang, awit pangiramu kalawan gampang bisa mangsah menyang ing pagunungan.

Pangandharing Toret 1