Pangandharing Toret 1:21-34 Kitab Sutji (JAV)

21. Wruhanamu, Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngulungake nagara iku marang kowe; padha lurugana lan ejegana, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu. Aja padha wedi lan aja giris.

22. Kowe kabeh tumuli padha nyedhaki aku sarta duwe atur mangkene: Sumangga kula aturi nglampahaken tiyang sawatawis ngrumiyini lampah kita, supados sami niti-priksa kawontenanipun nagari punika, sarta sami mbektaa katrangan dhateng kita, bab margi-margi ingkang badhe sami kita langkungi, saha kawontenanipun kitha-kitha ingkang badhe kula dhatengi.

23. Prakara iku dakrasa becik; dadi aku tumuli milih wong rolas panunggalanmu, saka saben taler wong siji.

24. Iku banjur padha mangkat munggah menyang pagunungan, nganti tekan ing lebak Eskol, sarta padha niti-priksa nagara iku.

25. Apadene padha njupuk woh-wohan sawatara pametune nagara iku, digawa mudhun lan diladekake marang kita. Sarta padha ngaturi katrangan mangkene: Saestu, nagari ingkang badhe dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng kita punika sae.

26. Ewadene kowe padha ora wani nglurug mrana, sarta padha mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.

27. Kowe padha pating kedumel ana ing tarubmu, pangucapmu; Pangeran Yehuwah anggone ngirid metu saka ing tanah Mesir iku marga aku padha disengiti, arep diulungake marang tangane bangsa Amori, supaya padha ditumpes.

28. Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.

29. Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.

30. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,

31. apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.

32. Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

33. kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”

34. “Bareng Sang Yehuwah midhanget kang dadi panggrundelmu, banget dukane sarta supaos, dhawuhe:

Pangandharing Toret 1