Pangandharing Toret 1:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.

2. Saka ing gunung Horeb metu pagunungan Seir tekan Kadesy-Barnea iku lakon sawelas dina.

3. Nalika taun kang kaping patang puluh sasi sawelas tanggal sapisan Nabi Musa ngandikani wong Israel miturut dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah tumrap wong Israel;

4. sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.

5. Ana ing sabrange bengawan Yarden ing tanah Moab, Nabi Musa wiwit nggelarake angger-anggering Toret iki, pangandikane:

6. “Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;

7. padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.

Pangandharing Toret 1