1. Wahyune Nabi Obaja.Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah marang Edom mangkene -- aku wus padha krungu pawarta saka Sang Yehuwah, --ana sawijining utusan kalakokake menyang ing satengahe para bangsa:“Tangia, payo padha tumandang merangi Edom!” --
2. Lah sira wus Sundadekake cilik ana ing antarane para bangsa,banget anggonira diremehake.
3. Sira wus diapusi dening piangkuhe atinira,sira kang manggon ing gampeng-gampenging parangkang dumunung ing papan kang dhuwur,sarta kang duwe osik:“Sapa kang bisa ngundhunake aku menyang ing bumi?”
4. Sanadyan sira mabur dhuwur kaya manuk garudha,malah sanadyan susuhira ana ing antarane lintang-lintang,Ingsun iya bakal ngudhunake sira saka ing kono, --mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
5. Manawa sira katekan maling utawa rampog ing wayah bengi,-- kaya apa bae anggonira karusak, --anggone nyolong rak mung sacukupe bae, ta?Manawa sira katekan wong ngundhuh anggur,rak mesthi ana anggur kang katinggal?