Tanah punika kathah pamedalipun tumrap ratu-ratu ingkang Paduka kuwaosaken ngereh kawula, margi saking dosa kawula. Para ratu punika sami ngereh kawula saha raja-kaya kawula kanthi sawenang-wenang, temahan kawula sami nandhang karibedan ageng.”