16. Nanging tiyang-tiyang wau, inggih punika para leluhur kawula, sami tumindak gumunggung saha sami ngakenaken githokipun sarta boten mituhu dhateng pepaken-pepaken Paduka.
17. Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.
18. Malah sanadyan sami damel pedhet cor-coran tuwin sami ngucap: “Iki Gusti Allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir!”, saha sami nindakaken kanisthan ingkang ageng,
19. ewasamanten boten Paduka tegakaken wonten ing ara-ara samun, margi saking palimirma Paduka ingkang ageng. Tugu mega boten kendhat-kendhat nuntun lampahipun ing wanci siyang, makaten ugi tugu latu tansah madhangi ing wanci dalu wonten ing margi ingkang dipun langkungi.
20. Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya.
21. Kawandasa taun laminipun anggen Paduka maringi panggesangan wonten ing ara-ara samun. Sami boten nate kekirangan, sandhanganipun boten luwas, sarta sukunipun boten sami abuh.
22. Kajawi punika ugi Paduka paringi karajan tuwin bangsa pinten-pinten, lajeng dhaerahipun wau Paduka paringaken dados dhaerah wates, amargi tanahipun sami dipun ebroki: inggih punika tanahipun Sihon, raja ing Hesbon, lan tanahipun Prabu Og, raja ing Basan.