11. Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.
12. Ing wanci siyang para leluhur wau sami Paduka irid klayan tugu mega, ing wanci dalu klayan tugu latu, kadamel madhangi margi ingkang dipun langkungi.
13. Paduka tumedhak dhateng ing redi Sinai sarta ndhawuhaken pangandika dhateng para leluhur saking langit; Paduka paringi pranatan-pranatan ingkang adil, angger-angger ingkang leres saha katetepan-katetepan tuwin dhawuh-dhawuh ingkang utami.
14. Paduka ugi paring uninga bab Sabat Paduka ingkang suci, punapa malih Paduka paringi dhawuh-dhawuh, katetepan-katetepan saha angger-angger Paduka lumantar abdi Paduka Musa.
15. Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.