1. Ing tanggal patlikur sasi iku uga, wong Israel padha nglumpuk lan puwasa kalawan manganggo sandhangan prihatin sarta sirahe kawur-wuran lemah.
2. Turune wong Israel padha misah saka ing sarupaning wong liya bangsa, tumuli padha ngadeg kambi ngakoni dosane tuwin paneraking para leluhure.
3. Nalika padha ngadeg iku, banjur diwacakake perangan-peranganing kitab Torete Sang Yehuwah, Gusti Allahe, saprapat dina suwene, sarta seprapat dina maneh padha ngakoni dosane, lan sumungkem sujud nyembah marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,
4. Yesua, Bani, Kadmiel, Sebanya, Buni, Serebya, Bani lan Kenani, padha ngadeg ana ing undhak-undhakane wong Lewi, sarta padha sesambat marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kalawan swara sora.
5. Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, -- iku wong Lewi kabeh -- banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”