60. Sakehe abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Sang Prabu Suleman iku gunggunge telung atus sangang puluh loro.
61. Iki wong kang padha mangkat mulih saka ing Tel-Malah, Tel-Harsa, Kerub, Adon lan ing Imer, nanging padha ora bisa nerangake kulawangsane lan asal-usule, apa iya klebu bangsa Israel:
62. bani Delaya, bani Tobia, bani Nekoda, gunggung nem atus patang puluh loro;
63. lan saka ing panunggalane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku kang ngrabeni panunggalane anake Barzilai, wong Gilead, banjur karan jenenge kulawarga iku.
64. Iku padha niti-priksa, apa jenenge padha kasebut ana ing sarasilah, nanging ora tinemu, mulane banjur kaanggep ora suci lan ora kena dadi imam.