2. ing kono Sanbalat lan Gesyem mau banjur kongkonan ngajak marang aku: “Sumangga sami pepanggihan wonten ing kitha Kefirim ing lebak Ono!” Nanging wong-wong iku lugune sumedya gawe cilakaku.
3. Aku tumuli kongkonan nggawa wangsulan marang wong-wong mau: “Kula saweg nglampahi padamelan ingkang ageng, kula boten saged dhateng! Punapa prelunipun ngendeli padamelan punika, margi kula tilar manggihi panjenengan?”
4. Nganti rambah kaping pat anggone kongkonan marani aku kanthi patrap mangkono iku lan anggonku mangsuli patrape uga kaya mangkono.
5. Ing kono Sanbalat nuli kongkonan marang aku ping limane, carane iya kaya mangkono maneh, kang dikongkon andhahane, nggawa layang kang ora tutupan.
6. Dene layang iku surasane mangkene: “Ing antawisipun para bangsa wonten kabar sruwang-sruwing, lan Gasymu inggih ngleresaken, inggih punika bilih panjenengan kaliyan tiyang Yahudi sami sumedya mbalela, pramila sami mbangun balowarti. Punapa malih miturut wartos punika panjenengan ngangkah badhe jumeneng dados ratunipun.
7. Malah panjenengan sampun matah para nabi supados sami ngundhangaken bab penjenengan wonten ing Yerusalem, makaten: Wonten ratu ingkang madeg ing Yerusalem. Lah pawartos ingkang kados makaten punika badhe kapiarsa dening Sang Prabu. Pramila, sumangga, sami pepanggihan pirembangan!”