Nehemya 4:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Nanging aku padha mbanjurake anggonku padha mbangun balowartine kaadegake nganti kemput, dhuwure wus oleh separo, amarga wong akeh padha mempeng banget anggone nyambutgawe.

7. Bareng Sanbalat lan Tobia sarta wong Arab, wong Amon lan wong ing Asdod padha oleh pawarta yen pembanguning balowartining Yerusalem iku tumindak rancag lan kang bedhah wiwit rapet, temah padha muntab nepsune.

8. Kabeh nuli saiyeg bakal nempuh perang marang Yerusalem sarta gawe rerusuh ana ing kono.

9. Nanging aku banjur padha ndedonga marang Gusti Allah, rina wengi padha mapanake pejagan, kanggo nanggulangi wong-wong iku, marga saka tangkepe kang mangkono iku.

Nehemya 4