Nehemya 3:6-26 Kitab Sutji (JAV)

6. Gapura Lawas iku kabangun dening Yoyadha bin Paseah lan Mesulam bin Besoja, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan tuwin slarak.

7. Ing sandhinge iku kang padha mbangun Melaca wong ing Gibeon lan Yadon wong ing Meronot, karo wong ing Gibeon lan ing Mizpa, kang ana ing wilayahe bupati ing sabrange bengawan Efrat.

8. Ing sandhinge iku kang mbangun Uziel bin Harhaya, sawijining kemasan. Ing sandhinge maneh kang mbangun Hananya, tukang lenga jebad, anggone mbangun Yerusalem iku nganti tutug ing balowarti Amba.

9. Ing sandhinge maneh kang mbangun Sang Refaya, bin Hur, kang ngasta pangwasa separoning wewengkon Yerusalem.

10. Ing sandhinge maneh kang mbangun Yedaya bin Harumaf ana ing ngarepe omahe dhewe. Lan ing sandhinge maneh kang mbangun Hatus bin Hasabneya.

11. Saduman maneh dibangun dening Malkia, bin Harim lan Hasub bin Pahat-Moab uga menara Prapen.

12. Ing sandhinge iku kang mbangun Sang Salum, bin Halohesy, kang ngasta pangwasa ing separoning wewengkon Yerusalem, dalah putra-putrane putri.

13. Gapura Lebak kabangun dening Hanun lan wong ing Zanoah. Anggone padha mbangun nganggo dietrapi ineb karo kancingan lan slarak, karo maneh padha ndandani balowarti sewu asta nganti tutug ing gapura Pawuhan.

14. Gapura Pawuhan iku didandani dening Sang Malkia, bin Rekhab, kang ngasta pangwaos ing wewengkon ing Bet-Kerem. Anggone mbangun nganggo dietrapi ineb, kancingan lan slarak.

15. Gapura Sendhang iku dibangun dening Sang Salum bin Kolhoze, kang ngasta pangwaos ing wewengkon ing Mizpa. Anggone mbangun nganggo dipayoni sarta dietrapi ineb, kancingan lan slarak. Kajaba iku uga ndandani temboke blumbang tadhah banyu ilen-ilen, kang anjog ing sacedhake patamanan kraton, nganti tutug ing undhak-undhakan kang mudhun saka ing kuthane Sang Prabu Dawud.

16. Kajaba iku kang uga mbangun Sang Nehemya, bin Azbuk, kang ngasta pangwaos ing separoning wewengkon ing Bet-Zur, nganti tutug ing pasareane Sang Prabu Dawud lan tutug ing blumbang yasan, sarta ing daleme para prawira.

17. Kajaba iku kang padha mbangun wong Lewi, yaiku Rehum bin Bani lan ing sandhinge iku kang mbangun Sang Hasabya, kang ngasta pangwaos ing separoning wewengkon ing Kehila, kanggo wewengkone dhewe.

18. Kajaba iku kang mbangun para sadulure, yaiku Sang Benui, bin Henabad, kang ngasta pangwaos ing wewengkon separone Kehila.

19. Ing sandhinge iku kang mbangun saduman maneh Sang Ezer, bin Yesua, kang ngasta pangwaos ing Mizpa, ana ing ngarepe unggah-unggahan menyang ing gedhong praboting perang, ing sacedhake Pojok.

20. Kajaba iku kang mbangun saduman maneh Barukh, bin Zabai, wiwit ing Pojok tutug ing kori daleme Imam Agung Elyasib.

21. Kajaba iku kang mbangun saduman maneh Meremot, bin Uria bin Hakos, wiwit ing kori daleme Imam Agung Elyasib tutug ing poncoting daleme.

22. Kajaba iku kang mbangun para imam, wong-wong saka ing Lebak Yarden.

23. Sawuse iku wong kang padha mbangun Benyamin lan Hasub ana ing ngarepe omahe. Sawuse iku kang mbangun Azarya, bin Maaseya, bin Ananya sandhing omahe.

24. Sawuse iku kang mbangun saduman maneh Binui, bin Henadad saka omahe Azarya mau tutug ing Pojok lan tumeka ing Poncot.

25. Palal bin Uzai iku mbangun ana ing ngarepe Pojok lan ing ngareping menara kang dhuwur lan munggul saka kadhatone Sang Prabu, cedhak ing platarane pajagan. Ing sandhinge kang mbangun Pedaya, bin Paros

26. nganti tutug ing ngarepe gapura Banyu, ing sisih wetan, lan ing ngarepe menara kang munggul. Dene para abdi ing Padaleman Suci padha manggon ana ing Ofel.

Nehemya 3