30. Ing sandhinge kang mbangun saduman maneh Hananya bin Selemya lan Hanun anake Zalaf kang kanem. Ing sandhinge kang mbangun Mesulam, bin Berekhya ana ing ngarepe kamare.
31. Ing sandhinge iku kang mbangun Malkia, sawijining kemasan, nganti tutug ing omahe para abdi ing Padalemane Gusti Allah lan para sudagar, ing ngarepe gapura Pendhaftaran lan tutug ing kamar panggungan ing pojok.
32. Tumuli ing antarane gedhong panggungan ing pojok mau lan gapura Wedhus Gembel iku kang mbangun para kemasan lan para sudagar.