24. Sawuse iku kang mbangun saduman maneh Binui, bin Henadad saka omahe Azarya mau tutug ing Pojok lan tumeka ing Poncot.
25. Palal bin Uzai iku mbangun ana ing ngarepe Pojok lan ing ngareping menara kang dhuwur lan munggul saka kadhatone Sang Prabu, cedhak ing platarane pajagan. Ing sandhinge kang mbangun Pedaya, bin Paros
26. nganti tutug ing ngarepe gapura Banyu, ing sisih wetan, lan ing ngarepe menara kang munggul. Dene para abdi ing Padaleman Suci padha manggon ana ing Ofel.
27. Kajaba Pedaya kang padha mbangun saduman maneh wong ing Tekoa, wiwit ing ngarepe menara gedhe kang munggul mau nganti tutug ing balowartine Ofel.
28. Wiwit ing gapura Jaran kang padha mbangun iku para imam, siji-sijine ana ing ngareping omahe dhewe.