Nehemya 3:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Kajaba iku kang mbangun saduman maneh Meremot, bin Uria bin Hakos, wiwit ing kori daleme Imam Agung Elyasib tutug ing poncoting daleme.

22. Kajaba iku kang mbangun para imam, wong-wong saka ing Lebak Yarden.

23. Sawuse iku wong kang padha mbangun Benyamin lan Hasub ana ing ngarepe omahe. Sawuse iku kang mbangun Azarya, bin Maaseya, bin Ananya sandhing omahe.

24. Sawuse iku kang mbangun saduman maneh Binui, bin Henadad saka omahe Azarya mau tutug ing Pojok lan tumeka ing Poncot.

25. Palal bin Uzai iku mbangun ana ing ngarepe Pojok lan ing ngareping menara kang dhuwur lan munggul saka kadhatone Sang Prabu, cedhak ing platarane pajagan. Ing sandhinge kang mbangun Pedaya, bin Paros

26. nganti tutug ing ngarepe gapura Banyu, ing sisih wetan, lan ing ngarepe menara kang munggul. Dene para abdi ing Padaleman Suci padha manggon ana ing Ofel.

27. Kajaba Pedaya kang padha mbangun saduman maneh wong ing Tekoa, wiwit ing ngarepe menara gedhe kang munggul mau nganti tutug ing balowartine Ofel.

28. Wiwit ing gapura Jaran kang padha mbangun iku para imam, siji-sijine ana ing ngareping omahe dhewe.

29. Sawuse iku kang mbangun Zadhok, bin Imer, ana ing ngareping omahe. Ing sandhinge kang tumindak ing gawe Semaya, bin Sekhanya, kang dadi jaga-gapura Wetan.

Nehemya 3