10. Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.
11. Kacarita aku wus tekan ing Yerusalem. Sawuse telung dina ana ing kono,
12. ing wayah bengi aku tangi karo wong sawatara kang melu aku. Ora ana kang dakkandhani, apa kang diosikake ana ing atiku dening Gusti Allahku tumrap kang bakal daktindakake ana ing Yerusalem, sanadyan kewan iya ora ana kang melu aku kejaba mung kewan kang daktunggangi bae.
13. Aku banjur metu ing wayah bengi, ngliwati gapura Lebak, ngener ing sendhang Ula Naga lan ing gapura Pawuhan, sarta niti-priksa balowartine Yerusalem kang padha mobrak-mabrik lan gapurane kang padha kaobong nganti entek.