Nehemya 10:34 Kitab Sutji (JAV)

Sarta kalawan nguncalake undhi aku kabeh, yaiku para imam, para wong Lewi lan wong lumrah, padha netepake sawijining patrap nyawisake kayu obong. Kayu iku kudu kagawa menyang ing padalemaning Allah, giliran, dening golonganing kulawargaku kabeh, ing wektu-wektu kang wus katemtokake ing saben taun, supaya ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahku, ana geni kang murub, netepi apa kang katulisan ana ing kitab Toret.

Nehemya 10

Nehemya 10:32-39