Nahum 3:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai kutha kang ngwutahake getih iku!Samubarang kabehe mung cidra thok,lan kebak panjarah-rayah,lan ora leren-leren anggone ndedekep?

2. Rungokna cumethering pecut lan gumledheging rodha,rungokna playuning jaran kang pating kethoplak lan gumenjoting kreta-kreta!

3. Bala jaranan nempuhpedhange cumleretlan tumbake gumebyar!Akeh kang padha mati, jisim tumpukundhung,tanpa wilangan cacahe jisim,wong-wong nganti padha kesandhung ing jisim!

4. Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila,kang endah warnane lan ahli sihir,kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina,lan golongan-golongan srana sihire.

5. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi:“Lah Ingsun bakal nglawan marang sira,pojoking jaritira bakal Sunlingkabake nganti tekan ing rainira,sarta bakal mitontonake wewadinira marang bangsa-bangsa,lan kawiranganira marang karajan-karajan.

6. Ingsun bakal ngebyuki sesuker marang sira,sira bakal Sunanggep remehlan Sundadekake tontonan.

Nahum 3