4. Sagara didukani temah dadi asat,lan sakehe kali padha kadadekake garing,Basyan lan Karmel padha dadi nglayungtetuwuhan ing Libanon padha alum.
5. Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane,lan tengger-tengger padha leleh.Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsanedalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh.
6. Sapa kang kuwat nadhahi bebendune?Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune?Bramatyane kaesokake kaya geni,tuwin gunung parang nganti padha jugrug.
7. Pangeran Yehuwah iku asih-darma,dadi papan pangungsen ing dina karubedan;Panjenengane uninga marang para wong kang ngungsi marang Panjenengane
8. sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe.Nanging numpes nganti tapiswong kang padha nglawan Panjenengane,tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.
9. Apa karepmu nglawan marang Sang Yehuwah iku?Panjenengane bakal nyirnakake babar pisan;para mungsuhe ora bakal bisa ngadeg maneh.