Musthikaning Kidung 8:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun,kang lendheh-lendheh ing kekasihe?Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel,ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe,ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.

6. -- Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka,amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah,asmara punika mempengipun kadya jagading pejah,mulad-muladipun kados urubing latu,kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!

7. Toya agung boten saged nyirep tresna,lepen-lepen boten saged ngentiraken.Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan,temtu namung badhe karemehaken kemawon.

8. Aku padha duwe adhi wadon,kang durung katon payudarane.Apa kang wajib daktindakake tumrap adhiku wadon,yen tumeka ing dinane linamar?

Musthikaning Kidung 8