1. Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah warnamu iku!Mripatmu katon lir manuk dara,ana ing sangisoring kudhungmu.Rambutmu pindha pepanthan wedhuskang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.
2. Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran,lan metu saka ing pangguyangan,kang kabeh manak kembarsarta ora ana kang ora duwe anak.
3. Lambemu lir pita jingga,tutukmu endah.Pilinganmu katon lir woh delima sinigarana ing sangisoring kudhungira.