Musthikaning Kidung 3:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuju ing wayah bengi aku nggoleki gantilaning atiku ana ing paturonku.Dakgoleki, nanging ora ketemu.

2. Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kuthaing lurung-lurung lan ing alun-alunPanjenengane dakgoleki,gantilaning atiku iku.Dakgoleki, nanging ora tinemu.

3. Aku kepethuk para wong rondha ing kutha.“Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”

4. Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau,aku ketemu karo gantilaning atiku;banjur dakcandhak lan ora dakculculake,nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku,ing kamare kang nglairake aku.

Musthikaning Kidung 3