Musthikaning Kidung 1:14-17 Kitab Sutji (JAV)

14. Kekasihku iku tumraping aku kaya kembang pacar sadhompol,ing pakebonan anggur ing En-Gedhi.

15. -- Lah memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah ing warna kowe iku,mripatira pindha manuk dara.

16. -- Dhuh kekasih kawula, Paduka punika bagus,saestu nenarik manah,pasarean kita punika saestu sakeca.

17. Griya kita punika balok-balokipun kajeng eres,gebyogipun kajeng eru.

Musthikaning Kidung 1