16. Para bangsa bakal padha nyawang,lan banjur rumangsa isin,marga saka sakehe kakuwatane,cangkeme cikben ditutupi tanganlan kupinge cikben dadi budheg.
17. Kareben padha ndilat lebu kaya ula,kaya kewan kang gumremet ing bumi;kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris,sarta padha sowan marang ing ngarsane PangeranYehuwah Allah kita, kalawan gumeter,kalayan ajrih dhateng Paduka.
18. Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka,ingkang ngapunten dosa,saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak:ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun,nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?