Mikha 3:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabikang nasarake bangsaku,kang padha ngundhangake tentrem-rahayu,samangsa oleh kang kena dipangan,dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme,banjur ngumumake perang.

6. Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira,lan dadi peteng tanpa tenungan.Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge,sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku.

7. Para wong sidik bakal padha kawirangan,lan para juru tenung bakal padha kisinan,kabeh bakal padha nutupi raine,marga Gusti Allah ora paring wangsulan.

8. Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan,Rohe Pangeran Yehuwah,sarta kaadilan lan kasantosan,kanggo ngelingake marang Yakub bab panerakelan marang Isarel bab dosane.

9. He, para panggedhene bani Yakublan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna!He, sira kang padha ewa marang kaadilansarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,

10. he, sira kang padha yasa Sion kalawan getihsarta Yerusalem kalawan daksiya!

Mikha 3