7. He, bani Yakub, apa bab iku kena dikandhakake?Apa Pangeran Yehuwah kurang sabar?Apa kaya ngene pandamele?PangandikaningSun iku rak beciktumrap wong kang laku bener?
8. Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun.Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun,wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem,kang ora kepengin perang.
9. Para wong wadon panunggalane umatingSun,iku padha sira tundhungsaka ing omah kang disenengi,sarta rerengganing bayi-bayine peparingingSun,padha sira jupuk kanggo ing salawase.