Mikha 1:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Aja kokwartakake menyang ing Gat,aja nangis babar pisan,kowe nglosoda ana ing lebu ing Bet-Le-Afra.

11. He wong isine Safir, enggal mangkata,kalawan wuda lan kawirangan.Wong isine Zaananora wani metu.Pangadhuhe Bet-Haezel ngalang-alangi angonmutetep ana ing kono.

12. Wong isine Marot kalawan mangu-mangungarep-arep marang kabecikan,marga ana bilai tumurun saka Pangeran Yehuwahtekan ing gapurane Yerusalem.

13. He wong isine Lakhis,kretanira rakitana jaran teji.Iki kang dadi wiwitaning dosatumrap putri ing Sionamarga sira kanggonandurakane Israel.

14. Mulane becik sira menehana ganjaran pepisahanmarang Moresyet-Gat,omah-omah ing Akhzibbakal dadi kaculikan tumrap para raja ing Israel.

15. He wong isine Maresya,Ingsun isih bakal nekakake juru nelukake marang sira,kamulyane Israelbakal nganti tekan ing Adulam.

16. Cukura lan gundhula,marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani!Gundhul dikaya manuk garudha,marga anak-anakira iku bakal padha kaparakakemenyang ing pambuwangan.

Mikha 1