Mateus 9:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”

3. Lah tumuli ana ahli Toret sawatara sing padha ngunandika: “Wong iku nyenyamah Gusti Allah.”

4. Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?

5. Gampang endi kandha: Dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?

6. Nanging supaya kowe padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”

7. Wonge iya banjur ngadeg lan mulih.

Mateus 9