Mateus 8:17-30 Kitab Sutji (JAV)

17. Bab iki kalakone supaya kayektenana kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya: “Panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita.”

18. Bareng Gusti mirsa wong akeh padha ngrubung Panjenengane, banjur dhawuh nyabrang.

19. Nuli ana sawijining wong ahli Toret kang sowan sarta munjuk: “Guru, kula badhe ndherek Panjenengan dhateng pundi kemawon anggen Panjenengan tindak.”

20. Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”

21. Wong liyane, yaiku salah sijining siswane, matur marang Panjenengane: “Gusti, kawula mugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhe ngubur bapa kawula.”

22. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati cikben padha ngubur wong mati.”

23. Gusti Yesus banjur minggah ing prau, para sakabate padha ndherek.

24. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, praune nganti ketungkeban ing ombak, nanging Gusti Yesus sare.

25. Para sakabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.”

26. Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.

27. Wong-wong padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe!”

28. Bareng wus mentas ing sabrang, yaiku ing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukake wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekane saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono.

29. Lah tumuli karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka badhe misakit kawula saderengipun mangsa?”

30. Ora adoh saka kono ana babi sapantha gedhe, kang lagi golek pangan.

Mateus 8