7. Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”
8. Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,
9. nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”
10. Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis:“Wis, lungaa, setan!” Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”
11. Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.