22. Sang Pilatus ndangu maneh: “Yen mangkono Yesus kang kasebut Kristus iki karepmu dakkapakake?” Wong-wong padha matur saur manuk: “Kedah dipun salib!”
23. Pandangune maneh:“Nanging apa kaluputane?” Ewasamono wong-wong mau saya sora anggone bengok-bengok: “Kasaliba!”
24. Bareng Sang Pilatus uninga, yen sakabehing pambudidaya bakal tanpa guna, malah wis wiwit kisruh kaanane, panjenengane banjur wijik asta ana ing sangareping wong akeh mau lan ngandika: “Aku ora kaluputan tumrap getihe wong iki; iku prakaramu dhewe!”
25. Nanging wong kabeh padha matur: “Rahipun dhumawaha ing kawula dalah saanak-anak kawula.”
26. Sang Pilatus banjur nuruti kareping wong akeh, Barabas diluwari; dene Gusti Yesus sawise kasapu banjur kapasrahake supaya disalib.
27. Para prajurite Sang Wali-Nagara banjur ngirid Gusti Yesus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabeh padha diklumpukake, ngepung Gusti Yesus.
28. Pangagemane Gusti Yesus disantuni jubah wungu,
29. sarta wong-wong banjur gawe rerekan makutha eri, nuli ditrapake ing mustakane, astane tengen dicaosi lantaran glagah. Sawise mangkono wong-wong padha jengkeng ana ing ngarsane lan kanthi ngece pangucape: “Ngaturaken sugeng, dhuh Ratunipun tiyang Yahudi!”
30. Banjur padha ngidoni, lantaran karebut kagebagake ing mustakane.
31. Sawise dipoyoki, pangagemane jubah disantuni pangagemane piyambak maneh, banjur kairid metu arep disalib.