6. Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken!
7. Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane.
8. Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.
9. Nanging wangsulane prawan-prawan kang pinter: Aja, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe. Angur menyanga enggone sing dodol, tukua dhewe.
10. Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.
11. Sawise mangkono prawan-prawan liyane iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori!
12. Nanging wangsulane panganten lanang: Satemene pituturku marang kowe: Aku ora wanuh karo kowe.
13. Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”
14. “Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,
15. kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk, tumuli mangkat.
16. Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.
17. Batur kang tampa rong talenta iya nindakake kang mangkono lan oleh bathi rong talenta.
18. Nanging batur kang tampa satalenta iku lunga ndhudhuk lemah gawe luwangan, dhuwite bandarane dipendhem.
19. Sawise antara lawas bandarane batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan.
20. Kang tampa limang talenta ngaturake bebathen limang talenta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talenta; lah punika kula angsal bathi inggih gangsal talenta.
21. Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.
22. Kang tampa rong talenta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talenta; lah kula angsal bathi kalih talenta.