Mateus 24:30-43 Kitab Sutji (JAV)

30. Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.

31. Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.

32. Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.

33. Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.

34. Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.

35. Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.

36. Mung bae, mungguh dina lan wayahe iku, ora ana wong siji-sijia kang sumurup, para malaekat ing swarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.”

37. Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.

38. Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,

39. lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.

40. Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.

41. Manawa ana wong wadon loro kang padha siji bakal kapulung sijine katinggal.

42. Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.

43. Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwe omah iku ngreti wayahe tekane maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahe dibabah.

Mateus 24