22. Saupama wektune ora dicendhakake, sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anane wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.
23. Ing wektu iku, manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen Kristus ana ing kene, utawa Kristus ana ing kana, aja padha ngandel.
24. Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.
25. Eling-elingen, Aku wis ngandhani kowe bab iku mau sadurunge kalakon.
26. Mulane yen ana wong kandha marang kowe: Panjenengane ana ing ara-ara samun, kowe aja mrana. Utawa: Panjenengane ana ing kamar, aja ngandel.
27. Sabab kayadene cumlereting kilat saka ing wetan sumunar tumeka ing kulon, iya mangkono iku besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.
28. Ing ngendi ana bathang, ing kono panggonane manuk garudha padha gegrombolan.”
29. “Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengenge bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.
30. Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.
31. Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.
32. Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.
33. Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.
34. Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.