Mateus 24:10-23 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.

11. Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.

12. Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.

13. Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.

14. Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”

15. “Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandikane kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel -- sing sapa maca migatekna --

16. wong-wong ing Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.

17. Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe.

18. lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangane.

19. Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.

20. Nyenyuwuna, supaya anggonmu padha ngungsi aja pinuju mangsa padhidhing lan aja mbeneri dina Sabat.

21. Amarga ing wektu iku bakal kalakone panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagad nganti saprene lan kang bakal ora kalakon maneh.

22. Saupama wektune ora dicendhakake, sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anane wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.

23. Ing wektu iku, manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen Kristus ana ing kene, utawa Kristus ana ing kana, aja padha ngandel.

Mateus 24