1. Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.
2. Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”
3. Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”
4. Paring wangsulane Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing wong!
5. Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.
6. Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.
7. Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirang panggonan.
8. Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.
9. Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.
10. Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.
11. Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.
12. Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.
13. Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.
14. Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”
15. “Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandikane kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel -- sing sapa maca migatekna --
16. wong-wong ing Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.
17. Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe.
18. lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangane.
19. Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.