Mateus 23:16-31 Kitab Sutji (JAV)

16. Bilai kowe, heh panuntun-panuntun picak, kang ngucap: Supata demi Padaleman Suci, iku ora absah; nanging kang sumpah demi emase Padelamenan Suci, sumpahe iku nancang.

17. Heh, kowe wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nucekake emase?

18. Apamaneh sing sapa sumpah demi misbyah, iku ora absah, nanging sumpah demi pisungsung kang ana ing misbyah iku kang nancang.

19. Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisungsunge apa misbyah kang nucekake pisungsung?

20. Mulane sing sapa sumpah demi misbyah, iku sumpahe demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono.

21. Lan sing sapa sumpah demi Padaleman Suci, iku iya sumpah demi Padeleman Suci lan uga demi Kang adedalem ing kono.

22. Apadene sing sapa sumpah demi swarga, iku iya sumpah demi dhamparing Allah lan iya demi Kang lenggah ing kono.

23. Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.

24. Heh, kowe, panuntun-panuntun kang picak, lemud kokjupuk saka ing omben-ombenmu, nanging unta kokuntal.

25. Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.

26. Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.

27. Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, wong-wong lamis, sabab kowe iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabane pancen katon resik, nanging ing jerone kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna.

28. Samono uga kowe, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.

29. Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe; wong-wong lamis, jalaran kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tuguning wong-wong mursid,

30. lan calathu: Saupama aku padha menangi jamane para leluhurku kabeh, mesthi aku ora padha melu anggone padha nyedani para nabi.

31. Marga saka mangkono dadine kowe padha dadi seksi tumrap awakmu dhewe, yen kowe kabeh iku padha turune wong-wong kang nyedani para nabi.

Mateus 23