Mateus 21:29-45 Kitab Sutji (JAV)

29. Anake mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.

30. Wong mau banjur marani anake lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anake mangsuli: Kula boten purun. Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat.

31. Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.

32. Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.”

33. “Padha ngrungokna pasemon liyane. Ana sawijining wong kang gawe pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawekake jogangan papan pameresan apamaneh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakake marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya.

34. Bareng wis meh wancine ngundhuh, kang duwe kongkonan rewang-rewange menyang enggone wong kang nyewa, njaluk pametuning pakebonane.

35. Nanging rewang-rewang mau padha dicekel dening kang padha nyewa. Sing siji digebugi, sijine dipateni, lan sing siji maneh dibenturi watu.

36. Sawise iku kang duwe pakebonan banjur kongkonan maneh rewang-rewang liyane, luwih akeh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik.

37. Wasana banjur kongkonan anake, pamikire: Mesthine bakal padha ering marang anakku.

38. Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anake mau, banjur padha rasanan mangkene: Iku ahli warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.

39. Anake mau banjur dicekel lan diuncalake menyang sajabaning kebon anggur, sarta dipateni.

40. Mulane samangsa sing duwe pakebonan anggur mau wis teka, wong kang padha nyewa mau bakal dikapakake?”

41. Unjuke kang padha didangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sirnakaken, dene kebon anggur badhe dipun sewakaken dhateng tiyang sanes, ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.”

42. Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene:Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah,iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.Kadadean iki saka ing Pangeran,sarta elok ana ing pandeleng kita.

43. Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.[

44. Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”

45. Bareng para pangareping imam lan wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa, yen dheweke kabeh kang disemoni.

Mateus 21