Mateus 21:13-28 Kitab Sutji (JAV)

13. apamaneh wong-wong mau padha dipangandikani: “Ana tulisan mangkene: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekake kedhung begal.”

14. Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ana ing Padaleman Suci lan banjur padha kawarasake.

15. Ewadene bareng para pangareping imam lan para ahli Toret padha weruh mukjijat kang ditindakake sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atine jengkel banget,

16. banjur matur marang Panjenengane: “Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken lare-lare punika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu; apa kowe durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-lare saha bayi-bayi?”

17. Gusti Yesus banjur nilar wong-wong mau, tindak miyos saka ing kutha menyang ing desa Betania lan nyare ana ing kono.

18. Esuke nalika tindak wangsul menyang ing kutha, Gusti Yesus kraos kerapan.

19. Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.

20. Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaeraman sarta munjuk: “Kadospundi, dene wit anjir punika lajeng dados garing sami sanalika?”

21. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.

22. Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”

23. Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangarepng imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”

24. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon marang kowe lan yen kowe wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowe, Aku tumindak mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.

25. Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya?

26. Nanging manawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong akeh, awit iku kabeh padha nganggep nabi marang Yokanan.”

27. Wasana atur wangsulane marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Yen mangkono Aku iya ora kandha marang kowe panggaweKu kang mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.”

28. “Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwe anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowe nyambuta gawe ana ing kebon anggur.

Mateus 21